Wikipédia:Pendhapa

The Lord of the Rings: The War of the Rohirrim ya iku film fantasi animasi Amérika Sarékat babaran taun 2024 Sutradara Kenji Kamiyama saka skénario déning Phoebe Gittins lan Arty Papageorgiou, adhedhasar trilogi The Lord of the Rings déning J.R.R. Tolkien. Film diprodhuksi déning New Line Cinema karo Warner Bros. Animasi kanthi produksi animasi déning Sola Entertainment, The War of the Rohirrim minangka film kapitu ing séri iku sawisé trilogi live-action The Lord of the Rings lan The Hobbit, lan film animasi kapindho adhedhasar novel, sawisé The Lord of the Rings (1978). Film iki yaiku prékuel sing prastawané kadadéan 183 taun sadurungé prastawa sing digambaraké ing The Lord of the Rings: The Two Towers (2002). Film animasi iki dibintangi Brian Cox minangka Helm Hammerhand, Raja Rohan sing légendharis. Miranda Otto, mbalèni paragané minangka Éowyn saka trilogi film The Lord of the Rings.
Film iki wis diwara-warakaké ing sasi Juni 2021 lan olèhé ngambangaké iku agé supaya New Line ora kélangan kak ngadhaptasi film adhedhasar romané Tolkien.
Maca sabanjuré ...![]()
当時三美人 (Tōji San Bijin) iku lukisan sablonan nishiki-e saka sakiwa-tengené 1792–93 déning seniman ukiyo-e Jepang Kitagawa Utamaro (1753–1806). Komposisi segi telu ini nggambaraké profil telung wong wadon kawentar kala iku: geisha Tomimoto Toyohina, lan leladèn warung teh Naniwaya Kita lan Takashima Hisa. .
- 2006 - Sarékat antara Serbia lan Montenegro bubar mawa proklamasi kamardikan resmi Montenegro.
- 1942 - Amérika Sarékat lan Jepang milai perang wonten ing Samudra Pasifik.
- 1989 - Ing China, tank-tank pamaréntah majeng tumuju Lapangan Tiananmen ing Beijing lan niwasaken 2.000 demonstran pro-demokrasi.
- 1998 - Pol Pot, pamimpin otoriter Khmer Merah tilar donya.
- 2012 - Tour de Singkarak 2012 resmi dipunbikak lan sampun kawiwitan saking Kitha Sawahlunto dumugi ing Kitha Padang ing tanggal 10 Juni. (sumber)